Situ Bagendit Adalah Cerita Dari Jawa Barat Bahasa Inggrisnya Apa

situ bagendit adalah cerita dari jawa barat bahasa inggrisnya apa

Jawa barat west java

kalau cerita situ bagendit tetepp judulnya kayak gitu

cerita rakyat Jawa Timur Dalam bahasa Jawa bukan bhs inggris​

LEGENDA GUNUNG BROMO
Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui
kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah
Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa.
Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung
Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang
panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan.
ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka
kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona
kanggo pertapa.
Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing
mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake
anak sing lair saka titisane jiwa sing suci.
Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa.Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa
ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat.
Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan
Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit
dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu dilairake seka rahim beyunge.
Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.
Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu
jelas saka raine.
Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng,
nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara
anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat.
bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar
sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing
gunung.
Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau
kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah.
Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh
kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang.
Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe,
Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara
supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau.
Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu
nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging
wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih
saka wetan urung metu.
Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe
lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung
diarani gunung Batok.
Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget.
Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger.
Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada
senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan
Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti “Panguasane
Tengger sing Budiman”. Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan
Joko Seger.
Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral
sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip
makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah
tangga urung nduweni momongan.
Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi
percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.
Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis
olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo.
Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane
Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe
malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.
Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :”Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek
lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem, sembahen Hyang Widi.Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo
Hyang Widi ing kawah Bromo.
Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake
upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung Bromo.

Read also  Bahasa Inggrisnya Usia 10bulan 1 Minggu

situ bagendit adalah cerita dari jawa barat bahasa inggrisnya apa

west java
itu jawabannya

apa bahasa inggris dari situ bagendit adalah cerita dari jawa barat

Bagendit is the story of western Java.

situ bagendit adalah cerita dari jawa barat bahasa inggrisnya apa

Bagendit is the story of western Java.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *